Translate

Minggu, 29 Mei 2016

Pranatacara Perpisahan

Assalamu’alaikum wr. wb.

Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan
Bapak /Ibu Wali murid ingkang tuhu urmati
Bapak/ Ibu Guru lan Karyawan ingkang tuhu urmati
Lan sedaya kanca-kanca ingkang kula tresnani
Langkung rumiyin sumangga kita sami ngaturaken puja-puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah Ta’ala, ingkang sampun kepareng paring kanugrahan arupi kasasaran jasmani lan rohani sahengga ngantos wekdal punika panjenengan sedaya dalasi kula saged hangrawuhi undangan wonten ing tata adicara pepisahan siswa kelas 12. Wonten ing titiwanci menika, kula dados Pranata Cara badhe ngaturaken susunan acara, yaiku :

1.Pembuka
2. Atur pangandikan Kepala Sekolah
3. Atur pangandikan Ketua Panitia
4. Pentas seni tari saking kelas 10 lan 11
5. Atur Perpisahan saking wakil kelas 12
8. Panutup lan kembul dhahar

Ingkang setunggal, mangga kita  purwakani adicara menika waosan ummul kiab " Al-Fatihah"

Sampun purna acara ingkang kaping pisan. Acara ingkang kaping kalih inggih menika  atur pangandikan saking Kepala Sekolah, dhumateng Bapak (.....) kula sumanggakaken.
................................................................................Acara........................................................................
 Matur nuwun kula aturaken Bapak (.....).
Acara ingkang tiga inggih menika  atur pangandikan saking Ketua Panitia, dhumateng Sdr. (.....) kula sumanggakaken.
................................................................................Acara........................................................................
 Matur nuwun kula aturaken Sdr. (.....).
Acara ingkang sekawan pentas seni saking kelas 10 lan 11, dhumateng perwakilan kelas 10 lan 11 kula sumanggakaken.
................................................................................Acara........................................................................
 Matur nuwun kula aturaken dhumateng perwakilan kelas 10 lan 11.

Acara ingkang gansal atur perpisahan saking wakil kelas 12, dhumateng perwakilan kelas 12 kula sumanggakaken.
................................................................................Acara........................................................................
 Matur nuwun kula  aturaken dhumateng perwakilan saking kelas 12.

Acara ingkang pungkasan  inggih menika panutup lan kalajengaken kanthi kembul dhahar. Para rawuh disumanggakaken mlebet ing ruang aula kangge acara kembul dhahar. Matur nuwun saking kula minangka pranatacara kathah kalepatanipun, inggih awit cupeting seserepan kula ing reh subasita, basa tuwin sastra, kaperenga panjenengan sedaya paring agenging samudra pungkasami. Mangga kita tutup acara menika kanthi maca Hamdallah sesarengan,kula sumanggakaken.

Wassalamu’alaikum wr. wb

Tidak ada komentar: