Gethuk iku panganan jajanan (kudhapan) sing utamané digawé saka tela utawa pohung. Gethuk iku panganan sing gampang ditemoni ing Jawa Tengah lan Jawa Wetan.
Gethuk ana kang digawé saka tela utawa pohung. Rasané uga bisa werna-werna. Ana sing rasa coklat, keju, vanila, lan stroberi. Saliyané iki ana uga gethuk lapis, tegesé gethuk kang rasané werna-werna lan didadèkaké siji.Umpamané gethuk lapis rasa coklat, vanila lan strobèri Téla kang dipilih kuduné téla kang mempur lan ora njarot, ora ketuwan lan ora bongkreen.
Bahan sing diperlokaké kanggo nggawé gethuk iku:
- Banyu kanggo nggodhog
- Tela / Pohung
- Uyah
- Gula
- Bahan pawarna
- Klapa diparut
Cara nggawé gethuk
- Pohung dioncèki kulité, banjur dikumbah resik lan diiris-iris kurang luwih 5 cm.
- Godhogen puhung nganti mateng, angin-anginen nganti kukusé ilang.
- Campuren puhung - uyah sithik - gula. Lumaten nganti lembut.
- Wèhana bahan pawarna yèn seneng.
- Sajèkna anget-anget karo parutan klapa enom sing ditawuraké ing ndhuwuré.
Jenis-jenise Gethuk :
- Gethuk Trio
- Gethuk Lindri
- Gethuk Goreng
- Gethuk Lapis
Manfaat Gethuk :
Gethuk nduweni akeh karbohidrat, karbohidrat duweni fungsi kanggo nyegah oksidasi lemak ing jero awak, ngampangake proses pencernaan, dan ngampangke nyerep protein kanggo awak lan uga kanggo nyusun inti sel gen pewaris keturunan ( sifat ).
Tidak ada komentar:
Posting Komentar